MATA PELAJARAN
Mata Pelajaran : BAHASA DAERAH
PELAKSANAAN
Hari, Tanggal : Kamis, 31 Maret 2011
Jam : 90 menit ( 10.30 – 12.00 )
PETUNJUK UMUM
Tulisen dhisik Nomor Peserta, Mata Pelajaran, lan data-data liyane ing Lembar Jawaban Komputer (LJK) sing wis sumadya!
PILIHEN SIJI WAE WANGSULAN SING BENER DHEWE!
Wacanen kang setiti wacan iki, banjur wangsulana soal/pitakon nomer 1 nganti 5!
REYOG PONOROGO
Kabupaten Ponorogo kalebet wewengkonipun Propinsi Jawa Wetan. Kabupaten menika gadhah kagunan dhaerah ingkang misuwur sanget dipunwastani reyog. Reyog menika kondhangipun ngantos dumugi ing pundi-pundi panggenan ing Indonesia malah kepara ing manca negari. Kagunan reyog menika jumbuh kaliyan asal kithanipun, mila katelah reyog Ponorogo.
Wonten ing Kabupaten Ponorogo reyog menika sampun boten elok malih, ateges tumraping tetiyang ing Ponorogo reyog menika sampun mbalung sungsum, amargi wontenipun reyog menika watawis sampun atusan taun. Milanipun sedaya tetiyang ageng, alit, enem, sepuh sami remen dhateng reyog menika. Upaminipun tiyang gadhah damel kadosta: sunatan, mantenan, syukuran, tuwin sanes-sanesipun ingkang kathah sami nanggap reyog.
Menggah reyog Ponorogo paraganipun mangangge sandhangan sarwi cemeng. Paraganipun kala jaman rumiyin jaler sedaya, ananging ing jaman samenika sampun nyebal saking adatipun, paraganipun sampun wonten ingkang wanita.
Reyog Ponorogo menika ingkang baku arupi barongan, jaran kepang lan topeng. Barongan wonten ing reyog benten kaliyan barongan ing jathilan. Barongan wonten ing reyog paraganipun namung tiyang setunggal. Barongan wujudipun rai singa mawi krembyah-krembyah ingkang dipundamel saking elaripun merak. Menggah tetabuhanipun arupi angklung, ketipung, kendhang, kempul, saron, kenong, kethuk, lan terompet.
Miturut sejarah, bilih reyog Ponorogo menika nggelaraken cariyos memengsahanipun Prabu Klana Sewandana raja mudha ing Ponorogo kaliyan Singobarong ingkang dedunung wonten ing Wana Roban. Awitipun memengsahan, bilih Singabarong ingkang tansah damel rerusuh wonten ing Ponorogo. Ing wusananipun Singabarong teluk.Ingkang ndadosaken kawigaten wonten ing reyog Ponorogo menika kadosta: Warok Sura kaliyan Warok Menggala ingkang anggelar kasektenipun. Warok-warok punika adu kasekten gegamanipun kolor ingkang salengen agengipun kaliyan cemethi (pecut). Ingkang langkung wigatos malih paraga ingkang dipunpecuti boten ngraosaken sakit, wonten ingkang mangan beling kados mangan krupuk kemawon. Lan wonten paraga lare alit ingkang dipunpilara ugi boten ngraosaken sakit. Mila Reyog Ponorogo menika saged ndadosaken sengsemipun ingkang sami ningali.
(Ngudi Aruming Basa Jawi 2)
1. Apa sebabe kagunan ing wacan kasebut diarani Reyog Ponorogo?
A. Amarga jumbuh karo asale kagunan kasebut saka Ponorogo
B. Amarga paragane saka Ponorogo
C. Amarga kagunan kasebut mung ana ing Ponorogo
D. Amarga sing yen pesen reyog saubarampene anane mung ing Ponorogo
2. Miturut sejarah, reyog iku nggelar crita apa?
A. Memungsuhane Prabu Klana Sewandana raja mudha ing Ponorogo karo Singodimeja ing Alas Roban
B. Memungsuhane Prabu Klana Sewandana raja mudha ing Ponorogo karo Singobarong ing Alas Roban
C. Memungsuhane Warok Sura karo Warok Menggala
D. Memungsuhane Warok Suragentho karo Warok Suramenggala
3. Ing ngisor iki kang ora kalebu tetabuhane kagunan Reyog Ponorogo yaiku ….
A. kethuk C. kempul
B. kenong D. rebab
4. Umume kagunan Reyog Ponorogo ditanggap dening wong kang duwe gawe kaya kang kasebut ing ngisor iki, kejaba .....
A. mantu B. sunatan C. syukuran D. kesripahan
5. Apa wujude gamane para warok ing kagunan Reyog Ponoroga?
A. kolor lan cemethi C. tongkat lan pecut
B. tongkat lan cemethi D. kolor lan tongkat
6. Aku dikongkon ibu tuku gula. Ukara iki yen diowahi dadi basa krama alus, benere….
A. Kula diutus ibu tumbas gendhis
B. Kula diutus ibu mundhut gendhis
C. Kula dipunutus ibu mundhut gendhis
D. Kula dipunutus ibu tumbas gendhis
Halaman 4
7. Bapak : “Le kowe dhek mau neng endi wae ta, kok ora pamitan bapak?”
Anak : ……………………………………………..
Wangsulane anake sing bener miturut unggah-ungguhing basa Jawa, yaiku ….
A. “Sepurane Pak, aku dhek mau sinau bebarengan ing omahe kancaku.”
B. “Sepuntene Pak, dhek wau kula sinau bebarengan teng griyane kanca kula.”
C. “Nyuwun ngapunten Pak, kalawau kula sinau sesarengan ing daleme kanca kula”
D. “Nyuwun ngapunten Pak, kalawau kula sinau sesarengan ing griyanipun kanca kula.”
8. Aksara Murda kang isih kanggo nganti saiki, yaiku ....
A. Na,Ka,Ta,Sa,Pa,Ga,Ba C. Nya,Ka,Ta,Sa,Pa,Ga,Ba
B. Ka,Ta,Na,Nya,Pa,Ga,Ba D. Ka,Ta,Nya,Sa,Pa,La,Ba
9. Gunane aksara Murda yaiku ....
A. kanggo miwiti nulis ukara
B. kanggo pakurmatan nulis jeneng
C. padha karo gunane huruf kapital ing bahasa Indonesia
D. kanggo pakurmatan marang trahing aluhur
10. Aksara Swara gunane kanggo ....
A. gantine huruf kapital khusus vokal
B. nulis tembung manca kang kaucapake mawa swara vokal cetha
C. pakurmatan nulis jeneng
D. miwiti nulis ukara
11. Dasanamane jeneng yaiku ….
A. siti, bantala, kisma C. giri, wukir, ancala
B. asma, nama, parab D. janma, manus, wong
12. Sing kalebu kerata basa yaiku ….
A. kursi: disingkur isi C. dawa cendhak, gedhe cilik
B. rama: bapa, bapak, yayah D. sampun : wis
sampun : aja
13. Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, nanging ora ngemu surasa pepindhan diarani ....
A. bebasan B. paribasan C. saloka D. sesanti
14. Dene unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan sing dipindhakake kahanan/sipate wong diarani ....
A. bebasan B. paribasan C. saloka D. sesanti5. ?$uktMn\ Aji%]bwtinFkDt_$urby. Ukara iki yen dilatinake, benere ....
A. Sukatman Aji Prabawa tindak dhateng Surakarta.
B. Sukatman Aji Prabawa tindak dhateng Surabaya.
C. Sukarman Aji Prabawa tindak dhateng Surabaya.
D. Sukarman Aji Prabawa tindak dhateng Surakarta.
16. ”Tata, titi, tatas dhawuh pangadikanipun.” iki tuladha purwakanthi ....
A. guru swara B. guru sastra C. guru basa D. guru lagu
17. ”Kolik priya, priyagung Anjani putra.” iki tuladha purwakanthi ....
A. guru swara B. guru sastra C. guru basa D. guru lagu
18. “Jatuh cinta ayo ta, tahan lama ayo ma, mati aku ayo ku, kurang bumbu, bumbu rindu ayo du, duduk berdua denganmu...u..u..u..u..u” iki tuladha purwakanthi ....
A. guru swara B. guru sastra C. guru basa D. guru lagu
19. Bu Tatik ora teka, amarga lara. Ukara iki yen diowahi dadi basa ngoko alus, benere.....
A. Bu Tatik ora dugi, amarga sakit C. Tatik mboten rawuh, amargi gerah
B. Bu Tatik ora rawuh, amarga sakit D. atik ora rawuh, amarga gerah
20. Pidhato kena sinebut uga ….
A. sarasehan C. dhiskusi
B. tanggap wacana/sesorah D. seminar
21. Metode pidhato kang ora nggunakake naskah jangkep, nanging mung arupa cathetan penting diarani ….
A. ngapalake B. naskah C. impromptu D. ekstemporan
22. Orator sing wis mahir kerep nindakake pidhato ing ngarepe wong akeh kanthi cara dadakan tanpa persiapan babar pisan metode pidhato ngene iki diarani metode ….
A. ngapalake B. naskah C. impromptu D. ekstemporan
23. Pidhato kang wis direncanakake lan ditulis luwih dhisik banjur diapalake, sawise apal banjur nindakake pidhato ing ngarepe wong akeh tanpa nggawa naskah diarani metode ….
A. ngapalake B. naskah C. impromptu D. ekstemporan
Halaman 6
24. Pidhato kang tujuane ngyakinake benering sawijining panemu marang para kang padha ngrungokake kalebu jinising pidhato ....
A. argumentatif B. naratif C. deskriptif D. persuatif
25. “Saderengipun kawula matur kathah-kathah, sumangga kawula dherekaken ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sadaya saengga kita saged kempal ing ngriki kanthi bagas kasarasan”
Unen unen kasebut mujudake perangane pidhato kang aran ….
A. salam pambuka B. purwaka C. surasabasa D. dudutan
26. “Mbok menawi wonten kiranging tatakrami anggen kawula matur, saha wonten sisip sembiring atur, kawula minangka titah sawantah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Billahittaufiq walhidayah wassalamu ‘alaikum warahmatullaahi wabarakaatuh. Nuwun”
Unen unen kasebut mujudake perangane pidhato kang aran ….
A. salam pambuka C. wasanabasa
B. pangarep-arep D. dudutan
27. Rangkuman utawa ringkesan intisarine pidhato kang kaaturake sadurunge mungkasi pidhato diarani ….
A. salam pambuka C. wasanabasa
B. pangarep-arep D. dudutan
28. Menehi panemu kang becik yaiku kaya kang katelah ingisor iki, kejaba ….
A. Aku sarujuk karo panemune Rony, jalaran tinemu nalar lan bisa ditindakake
B. Aku kurang sarujuk karo panemune Astrid, amarga ora adhedhasar kasunyatan, upama dilaksanakake mesthi ora bisa klakon
C. Aku setuju karo usule Yudi, amarga usule ora muluk-muluk, masuk akal, lan mesthi gampang dilaksanakake
D. Usule Intan kuwi kuna, mosok kaya usule cah ndesa sing ra nate sekolah wae; ra setuju aku
29. Jeneng-jenenge tembang macapat iku kena diapalake nganggo wancahan/singkatan tembung ….
A. Si-pu-pang-ki-dhan-dur-as-mi-mas-gam-megat
B. Si-pa-ki-pung-dhan-dur-as-mi-mas-gam-megat
C. Si-pang-ki-dhan-dur-as-mi-pung-gam-megat-mas
D. Si-ki-pung-ka-dhan-dur-as-mi-mas-gam-megat
30. Gawe geger/rame ing panggonan sing aman, bebasane ....
A. Nguthik-uthik macan dhedhe C. Ngobok-obok banyu bening
B. Ngundang bantheng ketaton D. Mburu uceng kelangan deleg
31. Kena apus/kapusan sarana gampang, bebasane ....
A. Kutuk marani sunduk C. Ula marani gepuk
B. Cecak nguntal cagak D. Iwak klebu ing wuwu
32. Apa wae sing ngalang-alangi bakal disingkirake, kena diparibasakake ....
A. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
B. Jer basuki mawa beya
C. Undhake pawarta, sudane kiriman
D. Dikena iwake aja nganti butheg banyune
33. Purwakanthi ing kasusatran Jawa ana ... warna.
A. 2 B. 3 C. 4 D. 5
34. Purwakanthi kang awewaton runtute/padhane swara/vokal diarani purwakanthi ....
A. guru swara B. guru sastra C. guru basa D. guru lagu
35. Dene purwakanthi kang awewaton rujuke konsonan sing mburi karo sing ngarep utawa sing wis kasebut, diarani ....
A. guru swara B. guru sastra C. guru basa D. guru lagu
36. ”Janji sabar, tur ora kesusu; sawahe jembar-jembar, tandure lemu-lemu” iki tuladha purwakanthi ....
A. guru swara B. guru sastra C. guru basa D. guru lagu
37. Menehi panemu kang becik yaiku kaya kang katelah ingisor iki, kejaba ….
A. Aku sarujuk karo panemune Rony, jalaran tinemu nalar lan bisa ditindakake
B. Aku kurang sarujuk karo panemune Astrid, amarga ora adhedhasar kasunyatan, upama dilaksanakake mesthi ora bisa klakon
C. Aku setuju karo usule Yudi, amarga usule ora muluk-muluk, masuk akal, lan mesthi gampang dilaksanakake
D. Usule Intan kuwi kuna, mosok kaya usule cah ndesa sing ra nate sekolah wae; ra setuju aku
38. Pidhato kang ditindakake dening para bakul obat/jamu supaya wong-wong padha gelem tuku dagangane kalebu jinising pidhato ….
A. argumentatif B. naratif C. deskriptif D. persuatif
39. Tembang macapat cacahe ana ….
A. 8 B. 9 C. 10 D. 11
40. ?UsTf°Ã‚mSufinB|b/skUniEmirt\Arb\, Ukara iki yen dilatinake, benere ....
A. Ustad Masyudi bubar saka Uni Emirat Arab.
B. Ustad Marsyudi bubar saka Uni Emirat Arab.
C. Ustad Syamsudin bubar saka Uni Emirat Arab.
D. Ustad Syamsudi bubar saka Uni Emirat Arab.
41. Mangan tahu entek wolu wareg tengku,
lalap lombok abang,
rasane pedhes kepati,
dakombeni banyu bening telung gelas.
Iki tuladha tembang ….
A. Pangkur C. Mijil
B. Maskumambang D. Pucung
42. Guru wilangan yaiku ….
A. tibane/dhongdhinge swara ing pungkasane gatra
B. cacahe gatra saben pada
C. cacahe wanda saben gatra
D. cacahe wanda saben pada
43. Guru lagu yaiku ….
A. tibane/dhongdhinge swara ing pungkasane gatra
B. cacahe gatra saben pada
C. cacahe wanda saben gatra
D. cacahe wanda saben pada
44. Geguritan diarani puisi bebas amarga ….
A. Ora kaiket ing paugeran guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra
B. Bebas anggone njupuk tema
C. Sapa wae bisa ngarang utawa gawe geguritan
D. Bebas nggunakake basa apa wae
45. Kang ora kalebu unsur intrisike drama, yaiku ….
A. naskah/skenario C. sutradara
B. paraga D. penonton46. Ing ngisor iki kalebu unsur ekstrinsike drama, kejaba ....
A. tatabusana/tatarias C. tataswara/musik/gamelan
B. tatapanggung D. tataboga
47. Pacelathon kang katindakake wong loro ing pentas drama diarani ....
A. monolog B. prolog C. dialog D. Epilog
48. Dene pacelathon kang katindakake ijen (ngomong dhewe) ing pentas drama diarani...
A. monolog B. prolog C. dialog D. epilog
49. ”Para pamirsa sadaya sekedhap malih badhe kababar cariyos ’Lutung Kasarung’ dening teater Kaningaya saking Madiun. Wondene para paraganipun: ...............”
Cuplikan unen unen mau ing drama diarani ....
A. monolog B. prolog C. dialog D. epilog
50. ”Makaten kalawau babaring lampahan ”Lutung Kasarung” ingkang sampun katindakaken dening teater Kaningaya. Mugi ndadosna rena ing panggalih, lan sugeng pepanggihan ing cariyos candhakipun. Nuwun”
Cuplikan unen unen mau ing drama diarani ....
A. monolog B. prolog C. dialog D. Epilog
B.
-----oooO?ajllifitLitim[nh.Oooo-----